Tampang

Lirik Lagu

Wuyung

Laraning lara

Ora kaya wong kang nandang wuyung

Mangan ra doyan

Ra jenak dolan, nang omah bingung



Mung kudu weruh

Woting ati duh kusuma ayu

Opo ra trenyuh

Sawangen iki awakku sing kuru



Klapa mudha

Leganono nggonku nandhang branta

Witing pari

Dimen mari nggonku lara ati

Aduh nyowo



Duh, duh, kusuma

Opo ora kroso, opo pancen tego?

Mbok mbalung janur

Paring usodo mring kang nandang wuyung



Klapa mudha

Leganono nggonku nandhang branta

Witing pari

Dimen mari nggonku lara ati

Aduh nyowo



Duh, duh, kusuma

Opo ora kroso, opo pancen tego?

Mbok mbalung janur

Paring usodo mring kang nandang wuyung

POLLING

Apakah Indonesia Menuju Indonesia Emas atau Cemas? Dengan program pendidikan rakyat seperti sekarang.